Dalan
Solo Rung Sakpirakno Rumit Koyo Dalan Urip (Gusti Kang Kuoso nang Duwur
Sakabehane)
Solo iku kuto kang wis
ora asing dirungokke, sasate kabeh uwong ngerti kuto Solo utowo Surakarta. Lha
wong nyangiane Didi Kempot kang judule “Stasiun Balapan Solo” kan terkenal.
Menowo arep nang Solo isoh dipestekke isoh lewat ngendi wae, tetapi wingi kui aku
pas nang solo karo koncoku, ah luwih tetape mbak angkatanku sing jenengane Fani
Istiani, mangkat Solo seko Magelang jam set 7 ba’da Magrib, maklum to orang
sibuk dadine isoh menyang kono yo jam semono kui. Aku mboncengke mbak sing
jarene Fani kui ngepit motor. Awale normal-normal wae le ngepit kui, ngantek
tekan nduwur Tegalrejo wis mlebu Grabag dalane soyo peteng-soyo peteng lan
mancen peteng nang tengah hutan, sepi tur adem (bayangke dewe yo). Aku ra
ngerti mbak Fani mikir opo aku mikir opo, amargo longko omong-omongan, lha wong
ora santai le ngepit nek omong-omongan yo ngko dadi ora krungu to, makane aku
karo ngrungokke hedset, ora le piye-piye ming ben nek ono sing nglakson aku ora
kaget banget, maklum to anak kalem kaya aku kiye lak kagetan ndara.
Tambah bengi tambah
adem sak dawane perjalanan kui, padahal kaos tangan juga wis ngenggo, nek mbak
Fani yo adem tapi paling ora banget wong ketutupan aku, hhehee.... Puncak e
adrenalin pas mangkat kui pas aku kesasar, ah ora kesasar ming dalan sing di pilih
kok dalan trabasan sing sepi tur bulak sawah karo dapuran pring tapi kui bener
wong jebolane juga Salatiga cuma hudu dalan sing biasane dilewati, paling tek
wis kuwur mripate le ndelok tur peteng to itu dalan Kopeng kae. Kudune ijeh
lurus malah mlebu desone uwong yo teko bablas kanthi mantep lan nyrenyep. Dalan
njenglong dadi ora njeglong, terus mlaku lha wedi sakjane wong sepi pol ndara
po.
Njebol Salatiga tenan
iki, wis rasane koyo metu seko guo kang nyikso, maune adem dadi sumuk, ming
gara-gara kemrungsung. Lebar Salatiga yo njug wis tekan dalan Boyolali – Solo,
akhire tekan Solo tenan, yess Alhamdulillaah wis jam 9. Tekan kono langsung
turu, eh ora ding wong le turu jam setengah 3. Lah ringkase cerito, jam 5 ki
aku karo mbak Fani mulih nang Magelang meneh, rencana arep lewat dalan sing
biasane. Iki mungkin bener yo, ojo kepengen sesuatu sing hurung jelas
juntrungane. Aku tekan dalan arah Salatiga njug kepengen manut plang kang
nunjukke arah Magelang, takon karo tukang ojek jarene bener kui plang e tapi
lewat Selo Boyolali. Aku mikir, ah rapopo wong yo sing penting tekan Magelang
tepat waktu ora telat le nyambut gawe. Akhire manut karo kui plang, dalane
awale penak wong bis barang lewat dalan kono walaupun dalane kui yo dalan
kampung, hehe.
Terus-terus-terus aku
manut kui dalan tekan akhire dalan siji-sijine kang dalane elik, nikung
munggah, terus ono tulisan “Jalan Truk Penambang”, ora patek tak pikir kui
tulisan akhire kok dalane soyo elek tur munggah lan nikung nanjak, ya
Allah..... aku pingin nangis. Munggahe pol, ngantek kudu zig-zag le munggah,
ndedeg duwur tapi motorku cukup setrong kok, dadine kuat, hehe. Njug aku kudu
nangis po?, walaupun aku yo meh nangis tapi lucu, akhire tekan Boyolali sing
jenenge Selo. Plong rasane ati iki koyo entes nibo seko langit pitu. Tekan kono
raketung wis lego tapi yo hurung rampung tekan kono kudu melewati dalan kang
rusak meneh, yoiku dalan Sawangan Magelang. Maklum dalan trek lak yo
rusak-rusak to, lewat ngisor Ketep Pass kae lho. Naliko semono aku ro Mbak Fani
lewat dalan kang okih bingit kabute, ibarat kata jarak pandang kui ming sak
meter tok lho....
Ah, akhire tekan blabak
disambut karo demo supir trek njug dalan dialihkan, *tear* *tear* *tear*
Pokokmen semua itu,
adalah lika-liku jarene dalan urip iso luwih liku-liku seko dalan iki. Bener ra
kiye?